Matur nuwun dhumateng kadang pranatacara.
Sugeng siyang para pepundhen, pinisepuh, sesepuh miwah sagung tamu ingkang
minulya.
Saleresipun kados kirang jumbuh menawi kula
nampi jejibahan supados paring waasitatama dhumatengpengantin kekalih, awit
kula menika kalebet ewoning tiyang ingkang cupet ing ngelmi tuwin cubluk ing
seserepan. Ananging rehning ngengeti pamothahipun penganten sekaliyan, mrica
kecut sauna-uninipun kula sembadani.
Salajengipun, para pepundhen, pinisepuh,
sesepuh sarta para lenggah mugi ngeparenganken kula paring wasita adi dhateng
penganten kekalih. Mbok bilih anggen kula ngayati dhawuh samangke mboten
ndadosaken keranan dalah kaparingan panggalih, kula nyuwun pangaksami inking
agung. Mekaten ugi katur para tamu sadaya, anggen kula sumela atur ing
kalodhangan samanngke punika.
Langkung rumiyin kula ngaturakenpuji sokur
dhumateng ngarsaning Gustiingkang tansah pinaringan kanugrahan satemah kula lan
panjenengan sadaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi manggih kawilujengan
saha kasarasan tebih nir sambekala.
Para lenggah ingkang wicaksana ing budi.
Keparenga kula minangkani pamundhutipun
Bapak saha ibu Daliman saperlu suka ular-ular sawatawis tumuju dhumateng anak
kula penganten sarimbit, mugi sageda minangka tambahing sangu anggenipun sami
gesang bebrayan.
Penganten kekalih ingka bagya mulya,
Tumapaking dinten sasampunipun panjenengan
nindakaken akad nikah ingkang ateges panjenengan sampun lumebet wonten alam
madya, kanthi ngemban pinten-pinten wajibing gesang bebrayan ingkang kedah
dipun ayahi.
Anak kula temanten sekaliyan,
Gesang bebrayan punika punapa kenging
dipun gambaraken kados dene tiyang nitih
baita wonten tengahing samodra. Kamangka sampun kawuningan bilih kawontenaning
samodra punika mboten ajeg, tansah owah gingsir, kanthi wekdal ingkang mboten
saged katemtokaken.
Sri penganten sutresna,
Kabekta dening kemajenganipun jaman,
langkung-langkung kenging daya pangaribawanipun kemajenganing teknologi sarta
pangawikan, ndadosaken hak sarta kawajibanippun priya tuwin wanita punika
mingsad-mingsed, mulur-mungkret , ewah-gingsir. Ananging sinaosa beda papan,
kalenggahan sarta kawontenan, ewadene lajer ancer saha esthi tundhoning
ngagesang punika sami, jer mboten badhe singular kaliyan damel wilujenging
pribadhi, brayat, bebrayan, sesame, saha lestarining alam sawegung.
Wusana kula ambal malih, nyuwun rumentahing
pangapunten, tumrap sadaya kekirangan kula sarta mugi mboten ndadosaken
kirangan pamengku panjenengan.
Nuwun.
😂😂😂
BalasHapus