-->
Dumateng para sepuh pini sepuh,
Bapak-bapak/Ibu-ibu lan sedherek-sedherek sedaya ingkang kinurmatan. Sepindah
mangga sareng-sareng kita sedaya ngaturaken puji syukur konjuk dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun pinaringan berkah keslametan satemah
kula lan panjenengan sedaya saged pepanggihan ing papan punika kanthi
kawilujengan saha kasarasan.
Lan matur nuwun sanget dhumateng bapak-bapak,
ibu-ibu lan sedherek lansedherek sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken
wekdal ngrawuhi pepanggihan trah keluarga .... ing dalu punika.
Matur nuwun sanget dhumateng Keluarga ....... ingkang sampun paring papan panggenan tuwin sakhatahing pasugatan
ingkang kaparingaken.
Saderengipun acara Trah ...... kita
wiwiti, langkung rumiyin kula waosaken rantamaning acara ing dalu punika :
1.
Sepindah pambuka
2.
Kaping kalihipun sambutan saking tuan rumah
3.
Kaping tiga sambutan ketua panitia
4.
Kaping sekawan wedhar sabda
5.
Kaping gangsal lain-lain
6.
Ingkang pungkasan penutup
Bapak /ibu lan sedherek sedaya ingkang
minulyo, mangga acara ing siang punika kula lan panjenengan sedaya bikak
sesarengan kanthi ndedonga marang Gusti Allah.
Para pepanggihan ingkang minulyo, acara sak
lajengipun inggih punika sambutan. sambutan ingkang sepindah saking tuan rumah.
Dhumateng Ibu .... kula sumanggakaken.
-----
Kula lan panjenengan sedaya aturaken agunging
panuwun dhumateng panjenenganipun .....
Bapak ibu sedaya, acara kaping kalih inggih
punika sambutan ketua Panitia. Ibu ... kula sumanggakaken.
-----
Maturnuwun dhumateng panjenengan Ibu ....
Acara saklajengipun inggih menika adicara.
Wonten ing wekdal punika bade kula lan panjenengan sedaya isi wedhar sabda.
Dhumateng Ibu Gagarina kula sumanggakaken.
-----
Kula lan panjenengan sedaya aturaken panuwun
dhumateng Ibu Gagarina ingkang sampun paring siraman rohani kangge kula lan
panjenengan sedaya.
Acara kaping gangsal inggih punika lain-lain
badhe kula lan panjenengan sedaya isi salam-salaman.
Acara saklajengipun inggih punika penutup.
Sakderengipun acara ing dalu punika kita sedaya tutup, kula ing mriki sak
dangunipun nderekaken acara ing dalu punika kathah keklintuanipun kula nyuwun
agunging samudra pangaksami.
Mangga acara ing dalu punika kita tutup kanthi
sareng-areng ndedonga marang Gusti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar